Gara-gara Kenalan Lewat Fesbuk

humor lucu, humor suriboyoan, humor jowo, Gara-gara Kenalan Lewat Fesbuk
Gara-gara Kenalan Lewat Fesbuk
Sore iku Paijo lagi numpak sepeda motor, nggoleki omahe Jumiatun, kenalan anyar oleh saka pesbuk..
Rumangso kesasar, Paijo langsung mbukak pesbuk.. terus inbox-an nang akune FB Jumiatun..
Paijo : "Halo Yang Jum.. aku wis tekan daerahmu iki.. Terus mlebu gang sing endi..?"
Jumiatun : "Sing enek gapurane Mas, terus sampeyan lurus kira-kira 25 meter ono omah gedung tingkat apik, warnane biru, mobile akeh.."
Paijo : "Siap..! aku wis teka kono.. iki omahmu to Jum..?"
Jumiatun : "Dudu Mas sampeyan belok kanan kira-kira 10 meter ono lapangan badminton.. Lha sebelahe lapangan iku.."
Paijo : "Pasti iku omahmu yo Jum..?"
Jumiatun : "Iku omahe tukang jahit Mas.. Lurus ae mengko mari jembatan ketemu omah, ono tulisane ISI ULANG PULSA lha iku.."
Paijo : "Mesti iku omahmu khan..?"
Jumiatun : "Iku jenenge konter hp, Mas.. sampeyan belok kanan ae, terus ketemu kuburan.. lha ngarepe kuburan iku.."
Paijo (wis arep ngamuk) : "Omahmu Jum..?"
Jumiatun : "Iku gerbang kuburan Mas.. sampeyan ojo mlebu.. sampeyan belok kiri ae, mengko weruh peternakan bebek gede iku.."
Paijo (kudu ngamuk temenan) : "Aaarggh..! Iku omahmu to..?"
Jumiatun : "Aku dudu bebek Mas.. iku isih lurus terus.... mengko ketemu alas.. ikuu.."
Paijo (munthab) : "Iku omahmu Juuum...???!!!!!!"
Jumiatun : "Aku dudu monyet Mas.. sampeyan lewat alas lurus terus, mengko ketemu masjid.. lha sebelahe masjid iku.."
Paijo (emosi pwuol) : "Nek pisan iki ngomong dudu omahmu..tak santet temenan awakmu Jum..!!!"
Jumiatun : "hehehe.. sabar Mas, dadi wong kok ngamuk-an.. yo iku omahku.. wis ketemu durung Mas..?"
Paijo (lego campur lemes) : "Iyo.. aku wis nang ngarep omahmu iki.. asyeem yo Ayang Jumm.. gawe pegele awakku.. Awas mari ngene, ketemu tak jiwiti sampeyan.. hehehe.."
Jumiatun : "Yo wis.. mlebu ae.. Ono emakku neng njero omah kok, Mas.."
Paijo : "Lho kok malah emakmu sing dikongkon nemoni??? Lha awakmu nang endi Jum..???"
Jumiatun : "Aku wis suwi nang Hongkong dadi TKW Mas.."
Paijo langsung ndlosor nang suket kejet-kejet stroke'e kumat stadium pitulas...