Beda-beda Pandumaning dumadi

Pangeran iku siji, ana ing ngendi papan
Langgeng.
Sing nganakake jagad iki saisine.
Dadi sesembahane wong saalam kabeh.
Carane dewe-dewe

Pengeran iku ana ing ngendi papan
Aneng sira uga ana Pangeran.
Nanging aja sira wani ngaku Pangeran

Pangeran iku adoh tanpa wangenan
Cedhak tanpa senggolan
Pangeran iku langgeng tan kena kinaya nyapa
Sangkan paraning dumadi

Pangeran iku bisa maujud
Nanging wewujudan iku dudu Pangeran
Urip iku saka Pangeran
Bali marang Pangeran.