Kaitane Jeneng Jombang ( Dian Sukarno )

Budaya,beritajawa.com-Nganti dina iki wong Njombang akeh sing gurung eruh kaitane jeneng kuthane. Mulakne gak maido nek dulur-dulur sing manggon kutha liya, pas nepaki ditakoni wong gak isa crita sing trenten. Terus piye crita nurut legenda/ crita kaitane jeneng kutha sing nduwe pondok pesantren punjul tekok satus iki?

Wis ayo diwaca bareng-bareng!

Dhek jaman biyen enek dulur sakpeguron jenenge Kebokicak ambek Surantanu. Kebokicak iki putune Ki Ageng Buwana sing mengku pedhepokan Kedung Bungkil. Dene Surantanu putune Ki Ageng Pranggang tekok peguron Karang Kejambon. Loro-lorone dikirim Mbahe meguru dadi siji nok peguron Pancuran Cukir sing diwengku Ki Ageng Sapayana utawa Ki Ageng Sumayana.

Kaitane crita, dhek jaman semana pendhudhuk sak kiwa tengene pedhepokan Pancuran Cukir kenek pageblug, yaiku jenis wabah sing angel tambanane. Kanggo ngresiki pageblug iku, Ki  Ageng Sapayana oleh wisik tekok Hyang Kang Murbehing Dumadi utawa Gusti Allah Ta’ala. Isine wisik, pageblug isa ilang nek pedhepokan ditumbali nganggo kewan sing ulune putih memplak.

Sak bare nampa wisik, Ki Ageng Sapayana ngongkon Surantanu nggolek kewan sing ulese putih memplak. Merga diutus Bapa Gurune, Surantanu terus budhal gak atkhik tolah-toleh maneh.

Sak ungkure Surantanu budhal, atine Ki Ageng Sapayana gak jenjem. Mulakne terus ngongkon Kebokicak nyusul adhike si Surantanu. Kebokicak ya budhal, tapi sakdurunge diwejang ngelmu kasekten cik slamet nggone nuntasna tugase.

Blai ancene gak isa disangka-sangka. Surantanu gak nemokna kewan ulu putih, tapi malah nemu banteng sing isa tata jalma utawa isa ngomong koyok menungsa. Padahal banteng iku klakon disusupi siluman bajul arane Lirih Baya ambek Bantang Baya sing arep males isin merga tau dikalahna karo Patih Panggulang Jagad, Bapake Kebokicak.

Ringkese crita banteng ate dijaluk Kebokicak arep dienggo tumbal pedhepokan Pancuran Cukir, tapi gak diulungna karo Surantanu. Malah dheweke keplayu, dadi uber-uberan karo Kebokicak.

Playune Surantanu ndilalah tekok nggone blumbang sing buening banyune. Koyok-koyoke isa digawe ngaca. Surantanu terus ambyur nang blumbang iku nggolek segere awak. Mlebune Surantanu nang blumbang tekok doh-dohan koyok enek cahyane rupa ijo.

Kebokicak rumangsa kelangan lacak terus matek aji. Nok kono iku Kebokicak eruh klebate Surantanu, terus ditututi. Gak kesuwen Kebokicak melok ambyur nang blumbang ndadekna swara koyok mbledhose mercon blanggur.

Dulur sakpeguron klakon gelut nok njero blumbang. Ya cakot-cakotan, pithing-pithingan, cakar-cakaran. Suwene suwe ketok cahya ijo-abang tekok njerone blumbang. Ijo tekok awake Surantanu, lha abang mecungul tekok Kebokicak. Mulakne sak bare kedadean iku, blumbang nggone gelute Surantanu-Kebokicak dijenengna Jombang sampek saiki. Nggone blumbang iku nok gak salah kulone Pasar Legi saiki.

*) Penulis adalah pegiat budaya dan pimpinan sanggar tari Lung Ayu, Sengon, Jombang

Sumber : http://www.beritajawa.com